Senin, 18 November 2013

Hana caraka kalih Bahasa Jawi sekedik


Teks Doa Bahasa Jowo.
Ya Allah ya Rab, Panjenengan limpahaken shalawat dumatheng kanjeng Nabi Muhammad SAW. Mugi kanthi barokah shalawat meniko panjenengan paring kebebasan dumatheng kulo sedhoyo saking bencana lan musibah ndunyo kelawan akhirat. Ya Allah ya Karim, panjenengan tetepaken wonten manah lan dhohir kulo mantep dumatheng agami Islam, panjenengan jagi Iman sa`lebete manah kulo sedhoyo ya Allah supadoso mboten enggal sirno saking sa`lebetipun manah
Ya Allah ya Rab, kulo sedhoyo nyuwun dumatheng panjenengan petunjuk ingkang leres ya Allah, nggih petunjuk supadoso kulo sedhoyo sageto istiqomah wonten margi ketakwaan dumatheng panjenengan. Ya Allah ingkang kagungan sedhoyo kamulyaning jagad, panjenengan paringi kulo lan sedhoyo jama`ah kesehatan jasmani lan kesehatan rohani, ugi panjenengan paringi kulo lan sedhoyo jama`ah sugihipun manah lan Iman dumatheng panjenengan ya Allah.
Ya Allah ya Rab, panjenengan limpahaken wonten manah kulo raos ajrih dumatheng panjenengan, raos manah ingkang saged ndadosaken benteng saking lelampah maksiat dumatheng panjenengan. Ya Allah, limpahaken datheng manah kulo sedhoyo raos tansah kepengin taat, nunduk lan pasrah maring panjenengan, Ugi Raos ingkang saged ndadosaken kulo lan sederek kulo sedhoyo kalebet wonten suwargo panjenengan ya Allah, Ya Allah ya Rab, panjenengan gesangaken keyakinan ingkang saged ndadosaken ringan saking sedhoyo beban penderitaan, raos kepengin mbales dendam lan sedhoyo musibah ingkang nyoto utawi ingkang taksih samar.
Ya Allah ya Rab, panjenengan dadosaken sae rerungon lan netro kulo ya Allah, lan sedhoyo kekarepan sarto kekuatan ingkang kalebet wonten manah lan dhohir kulo, ugi panjenengan dadosaken sedhoyo meniko wau warisan kangge anak keturunan kulo sedhoyo ya Allah. Ya Allah ya Karim, Panjenengan paringi dalem doyo utawi kekuatan manah saking sedhoyo tiyang ingkang dzolim dumatheng kulo lan sedhoyo sederek muslim, ugi panjenengan paringi kulo lan sederek kulo sedhoyo pitulungan saking jahatipun tiyang-tiyang ingkang musuhi agami Islam
Ya Allah ya Rob, sampun panjenengan timpahaken musibah dumatheng agami kulo, ugi sampun panjenengan dadosaken sedhoyo gebyaring ndunyo minongko tujuan gesang kulo, Ya Allah. Sampun panjenengan paringaken dumatheng kulo sedhoyo pemimpin ingkang mbalelo dumatheng printah panjenengan, pemimpin ingkang mboten kagungan raos ajrih dumatheng panjenengan, lan pemimpin ingkang mboten kagungan welas asih dumatheng sa`kathahe umat Islam.
Ya Allah ya Rab, kanthi sa`leresipun Fatihah lan kanthi rahasia ingkang ke kandung wonten serat Fatihah, kulo nyuwun dumatheng panjenengan supadoso saged sirno sedhoyo kesedihan lan penderitaan wonten gesang kulo sedhoyo, Ya Allah ingkang kinasih dumatheng sedhoyo umat, gusti Allah ingkang saguh nebihaken sedhoyo bala`, panjenengan tebihaken sedhoyo bala` bencana ya Allah, kekejian lan kemungkaran wonten sa`lebete negari. Ugi panjenengan tebihaken sengketa, kekejaman lan peperangan ingkang kasunyatan wonten netro ugi ingkang taksih samar, ingkang kawontenan sa`jeroning negeri kang kulo panggeni ugi ingkang dipun panggeni sedhoyo umat muslim. Panjenengan tebihaken ya Allah 3x.
Ya Allah ya Rab, kulo sedhoyo nyuwun dumatheng panjenengan petunjuk supadoso kulo sedhoyo saged nglampahi tobat kanthi terus-terusan saking sedhoyo dosa lan kesalahan-kesalahan, ugi panjenengan lindungi kulo lan sedhoyo derek kulo saking kathahing perbuatan maksiat lan sedhoyo ingkang dados panyebabipun. Panjenengan dadosaken kulo sedhoyo tiyang ingkang tansah eling dumatheng panjenengan ya Allah sa`derenge dumugi hasrat nglampahi karep maksiat.
Ya Allah ya Karim, panjenengan sirna`aken saking pikiran kulo sedhoyo perasaan wontene manfaat saking perilaku maksiat, panjenengan gantos kalihan perasaan benci datheng sedhoyo bentuk lelampah maksiat ya Allah. Ugi panjenengan gesangaken saking manah kulo sedhoyo raos kanthi kepengin tobat dumatheng panjenengan, tobat saking doso lan sedhoyo kesalahan-kesalahan ingkang sampun kelanjur kulo lampahi.
Ya Allah ya Rab, panjenengan ngapunten sedhoyo doso lan kesalahan kulo, sedhoyo doso lan kesalahan tiyang sepuh kulo ya Allah. Panjenengan paringi welas asih datheng kekalihipun kados kekalihe taksih gesang lan ngrawat kulo ing wekdal alit. Ugi panjenengan paringi ampunan doso lan sedhoyo kesalahan dumatheng tiyang Islam ya Allah, tiyang Islam ingkang jaler utawi ingkang istri, ingkang taksih gesang utawi ingkang sampun suwargi.
Ya Allah, panjenengan ampuni lan panjenengan kinasihi kulo sedhoyo ya Allah, keranten namung panjenengan ingkang saged maringi sedhoyo panyuwun kulo, Ya Allah ya Rab, mboten wonten malih kekuatan kejabi saking pitulungan panjenengan ya Allah, Gusti ingkang maha agung lan maha luhur.
Panjenengan paringi panjang umur kulo sedhoyo ya Allah, panjenengan paringi sehat lahir lan bathin kulo, panjenengan paringi cahyo wonten manah kulo lan panjenengan tetepaken Iman kulo ya Allah, panjenengan dadosaken sae sedhoyo amalan kulo ugi panjenengan jembaraken rejeki kulo sedhoyo. Ya Allah ya Rab, panjenengan cela`aken kulo sedhoyo wonten tindak kebecikan, lan panjenengan tebihaken kulo sedhoyo saking tindak kejahatan.
Ya Allah, Panjenengan ijabahi sedhoyo hajat kulo, panjenengan suceni manah kulo saking sedhoyo bentuk tindak kejahatan, lan panjenengan unggahaken derajat gesang lan mati kulo sarto sedhoyo sederek muslim ingkang kagungan Iman ya Allah.
Ya Allah ya Rab, panjenengan kabulaken sedhoyo tujuan gesang kulo ingkang sae, semanten ugi tujuan sak sampunipun pejah kulo. Ya Allah ya karim, namung panjenengan ingkang saged angabulaken sedhoyo panyuwunan abdi-abdi panjenengan ya Allah,.. panjenengan ijabahi sedhoyo hajat kulo, nggih hajat wonten agami, hajat ndunyo, lan hajat akhirat, ya Allah sa`leresipun panjenengan maha kuwaos dumatheng sedhoyo ingkang dumunung ing sa`jembaring jagad, dalem nyuwun dumatheng panjenengan ya Allah 3x.
Subhaana rabbika rabbil `izzati `amma yashifuun, wasalamun `alal mursaliina wal hamdulillahi rabbil `aalamiin.
Teks diatas hanyalah sebagian kecil saja dari tak terbatasnya rangkaian kata yang bisa dijadikan kalimat permintaan kepada Allah. Pilihan Bahasa hanyalah sebagian dari alasan keterbatasan kemampuan dari masing-masing diri kita dalam mengaplikasikannya dalam komunikasi sehari-hari. Jika lisan dan hati bisa berkolaborasi dengan indah dalam berkomunikasi dengan Allah maka tak ada jeleknya kita meminta sebagian keinginan atau hajat hidup dan mati kita dalam bahasa yang kita mengerti. Tapi bukan berarti bahasa aslinya harus kita hindari atau bahkan kita buang jauh, Jika ada kemauan niscaya Allah akan membantu kita. Asal kita menyediakan diri dan waktu untuk mempelajarinya.
Jika mau jujur, kita akan lebih suka untuk menggunakan sesuatu yang asli atau orisinil. Demikian juga dalam Islam. Jika kita mau mencari keasliannya, tentu kita harus sedikit bersusah payah untuk mendapatkannya. Tapi bukan berarti pula bahwa berdo`a dalam bahasa sehari-hari kita berada dalam kepalsuan ibadah. Sebuah kekafiran jika kita meragukan kemampuan Allah dalam menerjemahkan bahasa kita ke dalam ke-Maha Tahu-an Allah swt. tak ada satupun bahasa yang ada di bumi dan langit ini yang tidak diketahui oleh Allah arti dan maknanya. Karena bagaimanapun, yang menciptakan tentu lebih piawai atau canggih dari sesuatu yang Dia ciptakan.
Beribadahlah seperti apa yang dicontohkan oleh Rasulullah saw. Shalatlah seperti yang Rasulullah perlihatkan. Demikian pulalah untuk ibadah-ibadah wajib yang pernah beliau kerjakan. Tapi mintalah kepada Allah hajat atau keinginan duniamu diluar ibadah wajib dengan bahasa yang kita mengerti. Jika kita tidak paham dengan bahasa aslinya, bahasa sehari-hari kita jauh lebih baik. Dari pada seperti orang meracau yang tidak tahu dan paham apa yang sedang diucapkan oleh lisannya. Tapi jangan menutup diri dari kewajiban belajar menuntut ilmu. Terutama ilmu agama yang berkaitan dengan Iman dan Islam.
Sesungguhnya agama kita memberikan banyak sekali manfaat ilmu. Terutama ilmu Iman dalam bertauhid dan hukum-hukum syariat untuk diaplikasikan dalam kehidupan sehari-hari. Namun semua tergantung pada diri kita, kembali kepada kita sendiri, mau mengisi kekosongan jiwa dan mengasah pikiran dengan ilmu yang bermanfaat atau tidak. Jika mau dan berusaha untuk mendapatkannya insya Allah hati dan lisan akan mudah berkolaborasi dalam kekusyu`an ibadah, meski yang terucap bukanlah bahasa sehari-hari kita. Jadi ? Kuncinya hanyalah membuka diri dari pengetahuan. Terutama pengetahuan yang berkaitan dengan pemahaman petunjuk Allah yang tersusun rapi dalam sebuah kitab Al Qur`an.